Senin, 22 November 2010

Klingseman

Wekdal punika, kula taksih wonten SD. Wonten ing kelas sekawan dintenipun jumat. Saampunipun pelajaran olahraga purna kula dipunjak dening kanca-kanca adus wonten lepen.
          Saampunipun punika wonten sekolahan, kula boten pelajaran kados biasanipun. Ananging, Bapak guru anggladhi petugas upacara dinten senen enjang . Lah, kaleresan kula dados petugas ingkang ngerek gendera abrit pethak.
          Amargi kalawau kula adus wonten lepen kula krasa kasrepen,kula badhe pipis wonten wingking. Lajeng kula matur dhumateng bapak guru, “Pak, kula badhe wonten wingking”. Ananging bapak guru boten midanget. Dipun wangsuli malih atur kula, “Pak.....Pak.... kula badhe pipis wonten wingking”. Kula wngsuli bola-bali, ananging bapak guru boten midanget-midanget. Kula anggalih wonten ing manah, “Bapak guru budheg”. Amargi kula sampun boten kiyat malih lan kula ajrih marang bapak guru ingkang radi galak menika kula kepeksa pipis wonten celana. Lajeng bapak guru ningali manawa kula pipis wonten mrika lan dhawuh, “ O....alah... leh....leh...... kuwi banyu apa...”. “emmmm.......”, jawab kula radi mamang. “Hah..... banyu apa leh..”. “Kula pipis pak..”. jawab kula tegas.Kula banget lingsemipun amargi kanca-kanca pada moyoki kula rame-rame.Lajeng bapak guru dhawuh, “Ya Allah..  kowe kuwi wes kelas papat leh... yo wes merono.. salin.... nang buri”. Lajeng , kula mlayu wonten wingking lan bapak guru ngutus kanca kula supados mendhetake busana kula.
          Sasampunipun kadadosan punika kula lingsem banget  marang kanca-kanca, ananging boten wonten setunggaling kanca ingkang moyoki kula. Amargi, Bapak guru sampun dhawuh marang kanca-kanca sakelas supados boten moyoki kula, sinten kemawon ingkang moyoki kula badhe dipun wudani wonten ing ngajengipun kelas.
          Dumugi samenika, boten wonten setunggaling kanca ingkang moyoki kula. Bebasan mengukir di atas air. Sedaya kalawau sampun ical kanthi dewene. Lan sampun boten kanca ingkang eling kadadosan kalawau sedaya.

Klingseman

Sepi nyenyet bengi iki
Tanpa welas lan asihe
Biyung
Kanthi tulusing penggalih

Coba dakeling maneh rekane
Ing mangsa lawas
Kanthi welas lan asih kang banget
Loh nganti salawase
          
Wewuruk marang anak turun
Kang becik
Sepi ing pamrih rame ing gawe
Katon cempaka sewakul

Anjunjung derajade asmane tiang sepuh
Bebasan mikul duwur mendem jero
Kanthi ambales rekane
Kabeh iku namung timun jinara

Tumindak yasa kang mupangat
Dakrasakake malih Rekane Hyang
Manungsa kang ditrisnani
Dhuh Gusti padhangna penggalihe manunsa